Senin, 31 Mei 2010

Buku merah

Pebruari 09
Tanggal wolulas songolas rongpuluh, hawane males malesan, arep ngopo wae males rasane, mung pingine turu wae, langertio wetengku ki rakeno diajak kompromi, wis diuntali obat entek sak kamplek mung menteles wae, mangan jane yo okol ludes terus tapi kok pancet mules rasane koyo disunduki mending sate disenengi wong akeh la yen loro weteng hawane pingin misuh2, wis cucian sak lemari dadi nang ember kabeh, nyuci rasane males, yo kuwi mau margo loro weteng sop

Cara terakhir nyileh motor nang indomaret tuku obat 3000 telu, lakok telongewu telu? La onone gari telu dadi yo tuku telu, langsung ora tunggu suwe2 tak cokot (untal) obatte karo AP lanjut mulih langsung turu sop

Tangi2 kok wis tanggal selikur, pas dino setu weteng waras awak bergas, gekwis ra malas2 san neh, langsung adus, kramas, sikatan madang mangkat lembur hawane semangat? Rasane pengen lembur wae la kok tanggal rorikure prei ora lembur A duh duh payah sop

Tidak ada komentar:

Posting Komentar