Sabtu, 06 Maret 2010

Buku merah

011208
14.13 pm
Caritoer mysteri
Wonten satunggaling ndeso, ndeso sak menika jan wonten nginggile gunung, nggununuuung sanget dereng wonten lampu, wontenipun naming suntir atawi teplok, sak satunggalanipun dinten pas dinten seloso malem kliwon, weh jan grimis banget maksude, lha pas sakmenika bocah sing pancene gadah sifat keter, umbelen, nge'cesan, anane ming sarungan mireng suara ingkang radi aneh wonten sebelahe ndalem
Sakderengipun daleme bocah menika sebelahan kalian mushola ingkang dadi setunggal kalian papan panggenan ingkang damel ngusung mayit,
Kulo terasaken
Suara wau punika mirip sikil ingkang diseret radi dowo, sreek sreeek
Bocah menika mireng dumugi antara jam 02.30 kolo enjang mak prinding cengelipun bocah menika kadosipun mboten saget menyat/obah saking papan palenggahan, mbok menawi bocae panci penasaran bade mangertosi suara napa ingkang njalari kaweden kanti semangat 45, bocah menika mekso mlaku ngintip wonten sampinge lawang/jendelo ingkang sejatine kordene sampun kumel dereng dikumbah mambu iler sisan, kalian deg-degan, mendelik tanpo kedep bocah mau mrenane bayangan putih gede dhuwur, serba putih mlebet wonten mushola, wong bocah pancen penasaran, bocah wau mareni bayangan wau kanti sikil ndredeg ndredeg sikile + kudungan saroeng
Pas sak nalikane tekan ngareb mushola bayangan putih mau sak nalikane teko metu maleh, bocah
Wau trus sipat kuping, cepet2 umpetan/ndelek
Sreeek-sreeek suara ingkang nambahi mrinding bulu kudt' bayangan putih mlebu ruangan ingkang radi pesing + kangge tmpt wudhu grujag grujug bocae mambu wewangen sengggg
Bocae ndredek, mlebu ngomah maleh kanthi mbrangkang ditingali maleh saking ngomah diintip suwee bngt eee mlebu wonten mushola maleh, dienteni kanti dumugi jam setengah sekawan bayangan putih wau teko teko sak bedundug metu
Sreeek sreeek koyo suara gapyak/blater ingkang diseret bocae mendelik mringis arp mbengok ditutupi tangan kanti driji dicokot selot suwe selot cedak
Aaaaa....
Ealah bocae malah mbengok, bayangan putih wau trus mlinger marani bocae, bocae merem eee malah melek mbasan melek bayangan putih wau wes tekan ngarep dw'e bayangane ngucap salam
Dw'e(bocae) nyalami kanthi sumringah + mureng2 nang ati
Jebule bayangan putih mau bayangan pak yai arep/wes rampung sholat bengi ditambah lebar ngresiki kolah sing pesing kanggo wudhu
NB: jangan diseriusi / menghayati dlm membaca, terima kasih atas dukungan dan attensinya dlm membaca tulisam ini yg agak kurang berkualitas
Moator nuwoon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar